INDOZONE.ID - Dalam tradisi kebudayaan Jawa, aktivitas berpidato di depan umum ini dikenal dengan sebutan Sesorah. Penggunaan bahasa Jawa terutama krama inggil atau bahasa Jawa halus dalam sesorah bukan sekadar unjuk kebolehan, melainkan bentuk etika dan penghormatan yang tinggi kepada audiens atau tamu undangan yang hadir.
Bagi Anda yang masih duduk di bangku sekolah atau sering diminta memberikan sambutan dalam acara kampung, menyusun sesorah mungkin terasa sulit. Oleh karena itu, INDOZONE telah merangkum struktur pembuatan sesorah beserta contoh teks pidato bahasa Jawa dalam berbagai tema agar mudah Anda pelajari.
Baca juga: Belajar Angka dalam Bahasa Jawa 1-100, Ngoko dan Krama serta Makna Filosofinya
Struktur Sesorah (Pidato Bahasa Jawa)
Sebelum melihat contoh teks pidato bahasa Jawa, Anda wajib memahami strukturnya. Tidak jauh berbeda dengan pidato bahasa Indonesia, sesorah memiliki kerangka baku yang harus disampaikan secara berurutan agar pesan tersampaikan dengan sopan dan terarah.
Untuk mempermudah pembelajaran Anda, perhatikan tabel struktur teks pidato bahasa Jawa di bawah ini:
| Bagian Pidato | Istilah dalam Bahasa Jawa | Penjelasan / Isi Pidato |
| Salam Pembuka | Uluk salam | Salam resmi di awal pidato (misal: Assalamualaikum, Sugeng enjang). |
| Pembuka | Purwaka basa | Berisi ucapan penghormatan kepada hadirin (atur pakurmatan), puji syukur kepada Tuhan, dan ucapan terima kasih atas kesempatan yang diberikan. |
| Isi Pidato | Surasa basa | Bagian inti yang memuat gagasan utama, harapan (pangarep-arep), dan ajakan (pangajak-ajak). |
| Kesimpulan | Wigatine / Dudutan | Ringkasan singkat dari seluruh poin penting isi pidato. |
| Harapan & Pesan | Pangarep-arep | Pesan moral atau harapan yang ingin ditanamkan kepada pendengar. |
| Penutup | Wasana basa | Ucapan terima kasih serta permintaan maaf apabila ada kesalahan kata atau etika (subasita) selama berpidato. |
| Salam Penutup | Salam panutup | Salam untuk mengakhiri pidato (misal: Wassalamualaikum). |
Kumpulan Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa
Berikut ini adalah berbagai contoh teks pidato bahasa Jawa yang disesuaikan dengan tema-tema populer dan disusun dengan bahasa yang ringkas.
1. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Kelas 6
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,
Nuwun bapak utawi ibu kepala sekolah ingkang kula hurmati, undangan bapak utawi ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan. Rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani lan kula banggaken.
Monggo kita panjataken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, amargi kita taksih diparingi sehat saengga saged makempal wonten ing acara perpisahan menika.
Kula minangka wakil saking kelas 6, matur panuwun dhumateng bapak lan ibu guru ingkang sampun sabar nggulawentah kula lan kanca-kanca ngantos saged ngrampungake kewajiban ing sekolah menika. Mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan panjenengan pikantuk piwales saking Gusti Allah.
Kula lan rencang-rencang nyuwun pangapunten menawi gadhah kalepatan. Kula ugi nyuwun donga pangestu supados saged nglajengaken sekolah ing jenjang ingkang langkung sae. Mugi-mugi sekolah kita niki tansah majeng.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
2. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Kebersihan Sekolah
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatu,
Dumateng bapak kepala sekolah, bapak kaliyan ibu guru, saha sedaya kanca ingkang kula tresnani.
Monggo kita bebarengan ngaturaken puja lan puji syukur dumateng Gusti Allah Swt. amargi sampun pinaringan berkah lan karunia saengga kita saged makempal kanthi sehat wal afiat.
Hadirin ingkang kulo hormati,
Kaping sepindhah kita sedaya perlu sadari, lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip umat manungsa. Amargi menika kita sedaya kedah njaga lingkungan sae-sae. Njaga kebersihan lingkungan sekolah saged ditindakaken kanthi cara buwang larahan (sampah) ing panggenan ingkang sampon disediaken, lan numindakaken piket kelas kanthi teratur.
Menawi lingkungan sekolah kita resik, kita ugi ingkang angsal dampak positifipun, inggih punika proses sinau dados aman lan nyaman.
Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, umpami wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
Baca juga: Daftar Lengkap Arah Mata Angin dalam Bahasa Jawa Beserta Sejarahnya
3. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat dan Mudah Dihafal (Tentang Sopan Santun / Akhlak)
Assalamu’alaikum wr.wb
Dhumateng Bapak/Ibu guru lan rencang sedaya ingkang kula tresnani.
Sumonggo kito tansah muji syukur dumateng ngersane Gusti Allah kang moho luhur, sehinggo kito saget makempal wonten mriki kanti sehat wal 'afiyat.
Hadirin ingkang kulo hormati,
Ing kalodhangan niki, kulo badhe maringi saketik tutur kata babagan sopan santun utawi akhlak budi pekerti. Pendidikan ingkang penting sanget punika wawasan budi pekerti. Sebab, majune zaman generasi penerus bangsa sakniki saya rusak amargi kurang ilmu akhlak lan tata krama.
Contonipun, sakniki sampun jarang mireng putra-putri matur kalih tiyang sepah ngagem bahasa krama, sing katah ngagem bahasa ngoko. Padahal, bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih menika bahasa krama inggil.
Mula, ayo padha sinau sopan santun lan ngajeni marang tiyang sepah saha bapak/ibu guru. Pun cekap semanten ingkang kulo aturaken. Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapura.
Wassalamu’alaikum wr.wb
4. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah, Bapak/Ibu guru, lan rencang-rencang siswa/siswi ingkang kula tresnani.
Mboten wonten ucapan luwih agung tinimbang puji syukur dumateng Gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi nikmat iman lan kesehatan.
Ing papan menika, kawulo dipun utus babagan pendidikan. Pendidikan menika sangat penting kangge masyarakat Indonesia. Menawi pendidikan mboten kecukupan, urip menika mboten saged tata. Kados pesenipun Ki Hajar Dewantara, bilih pendidikan menika boten namung papan pamulangan utawi sekolah kemawon, nanging ugi kedah saged ditindakaken dhateng lingkungan masyarakat.
Mula, kito sedaya tansah nguri-uri budaya maca lan sinau supados saged ngadhepi tantangan zaman. Ampun kesupen ugi ngangsu kawruh bab agama lan tata krama, amarga ilmu kasebat penting kagem urip bebarengan.
Cekap semanten sesorah pendidikan ingkang saged kula aturaken. Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agunging pangeksami.
Wassalamualaikum wr. wb.
Baca juga: 3 Pidato Singkat Tentang Hari Lahir Pancasila yang Bikin Kamu Makin Cinta Indonesia
5. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Bahaya Narkoba
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,
Puji syukur kulo panjataken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Swt. ingkang sampun paring rahmat dumateng kita sedaya. Bapak/Ibu guru saha rencang-rencang ingkang kinurmatan.
Wonten ing kalodhangan mriki, kula badhe matur babagan ancaman ageng kangge masyarakat, inggih punika bahaya narkoba. Kita asring mireng pawartos ing televisi babagan tiyang ingkang ngginakaken narkoba. Kedah kita mangertosi, narkoba boten namung ngrusak kesehatan badan, nanging ugi ngrusak masa depan generasi muda.
Tiyang ingkang gadhah karemenan ngisap narkoba, kasehatanipun cepet rusak, gampil kenging penyakit, lan pikiranipun boten saged cetha. Awit menika, kula ngajak sedaya rencang-rencang supados ampun pisan-pisan nyobi utawi ngginakaken obat-obatan terlarang menika.
Monggo kita gunakaken wekdal kanthi migunani, nindakaken kegiatan positif kados sinau, olahraga, lan maca buku. Mugi-mugi kita sedaya dados generasi ingkang sehat lan becik.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
6. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Kesehatan Badan
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,
Sugeng rawuh Bapak/Ibu guru lan sederek ingkang kula hurmati.
Ing kesempatan menika, kula badhe ngaturaken sesorah babagan wigatinipun kesehatan. Kesehatan minangka aset ingkang paling mligi kangge kita sedaya. Tanpa kasehatan ingkang sae, kita boten saged makarya, sinau, lan nindakake tugas sedinten-dinten kanthi lancar.
Kanggo njaga kasehatan, kita kedah nyengkuyung pola gesang ingkang sehat. Contonipun kados mangan panganan ingkang bergizi, olahraga kanthi rutin, lan istirahat ingkang cekap. Ugi, kita kedah ngindhari kabiasaan ingkang mboten sae. Semanten ugi, lingkungan ingkang resik ugi nggadhahi peran ingkang ageng kangge nyegah penyakit.
Mugi-mugi kita sedaya saged njaga kasehatan diri lan masyarakat kagem masa depan ingkang luwih ayem tentrem.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Baca juga: Daftar 100 Kosakata Bahasa Jawa Halus Lengkap dengan Terjemahannya
7. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Perpisahan SMA (Purna Siswa)
(Catatan: Pidato ini menggunakan bahasa Krama Inggil yang lebih halus dan formal, sangat cocok untuk perpisahan tingkat SMA/Sederajat).
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang satuhu kinurmatan, Bapak/Ibu Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru, dalasan kanca-kanca ingkang bagya mulya.
Saderengipun sumangga kula dherekaken monjukaken puja-puji syukur wonten ngarsa dalem Allah Swt. ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged kempal ing adicara purna siswa kanthi bagas waras.
Boten karaos bilih kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan (sekolah) menika. Kula minangka sesulihipun kanca-kanca kelas XII ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang sampun sabar nggula-wenthah kula sakanca kanthi raos sih katresnan.
Kula sakanca ugi ngaturaken agunging samudra pangaksami mbok bilih sadangunipun sinau ing mriki kathah kalepatan arupi atur utawi trapsila (tingkah laku) ingkang mboten mantesi ing penggalih Bapak/Ibu guru.
Kula sakanca nyuwun tambahing donga pangestu mugi-mugi saged nglajengaken pawiyatan ingkang langkung inggil lan saged nggayuh cita-cita. Cekap semanten atur kula, kula nyuwun sih samudra pangaksami. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
8. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Menjaga Kelestarian Lingkungan
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,
Sugeng dalu para hadirin ingkang kinurmatan.
Ing kesempatan sae menika, kula badhe matur babagan lingkungan. Kita sedaya sampun mangertosi bilih lingkungan alam ingkang resik lan asri paring manfaat ageng kangge kesehatan lan kelangsungan gesang kita sedaya.
Nanging, kita kedah prihatin bilih lingkungan ing jaman saniki wiwit rusak amargi polusi, sampah plastik, lan pangrusakan alam. Kita minangka manungsa kedah tanggap lan njaga lingkungan kanthi cara ngurangi sampah plastik, ngrawat tanduran, lan nglestarekake sumber daya alam ingkang wonten.
Kita wajib njaga bumi niki kangge warisan generasi ing tembe mburi. Mugi-mugi kita saged tansah ngraosaken manfaat alam ingkang lestari.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dilarang mengambil dan/atau menayangkan ulang sebagian atau keseluruhan artikel di atas untuk konten akun media sosial komersil tanpa seizin redaksi
Sumber: Berbagai Sumber